persahabatan abadi

persahabatan abadi

Senin, 22 Desember 2008

HUMOR JOMBANGAN


Ceblok teko gedung bertingkat
Sawijining dino ono wong wedok ayu kepleset, ceblok soko gedung bertingkat 100. Pas tekan tingkat 75 kebeneran disambut karo wong Amerika, terus ditulungi tapi nganggo syarat, kudu gelem dijak turu bareng. Wong wedok mau nolak, terus bablas ceblok nyang ngisor maneh. Tekan tingkat 50 disambut wong Perancis, ngganteng. Tapi yoiku syarate kudu gelem dijak turu bareng. Mesti ae ditolak mentah-mentah, akibate wong wedok mau terus nyeblok nyang ngisor. Tekan tingkat 40, 35, 30 kok gak ono sing nyamber maneh. Wong wedok mau putus asa, terus mbatin nek ono sing nulungi deweke nekad gelem dikapakno ae wis. Timbangane matek. Eh, pas tingkat 25 ono wong Arab sing nulungi. Langsung ae deweke kondo :
"Wan, aku wis janji nduk njero ati, nek ono sing nulungi aku gelem dikapakno ae, termasuk di ajak turu bareng sampeyan...." Wong Arab maeng kaget sambil ngucap "Astagafirullah..." terus wong wedok mau diculno maneh ngantek ceblok matek.....

Pelajaran Biologi
Pas pelajaran biologi pak guru arepe nerangno nyang murid murid nek ngombe alkohol iku berbahaya kanggone kesehatan. Supoyo jelas, pak guru nggowo cacing rong iji, banyu mineral karo whisky sak sloki. Nduk ngarepe kelas, cacing sing siji dilebokno gelas isi banyu mineral, sijine dilebokno sloki sing isine whisky. Cacing sing dilebokno banyu mineral jik kluget kluget tetep urip, lha sing dilebokno sloki whisky langsung dut.
"Hayo anak anak, siapa yang bisa menjelaskan beda antara air mineral dengan whisky ini?"
Si Dul langsung ngacung karo mbengok :
"Artinya begini pak guru : supaya kita tidak sakit cacingan, kita harus minum whisky....."