persahabatan abadi

persahabatan abadi

Kamis, 11 Desember 2008

E-MAIL DARI HAMPTON


Koncone dewe sing berdomisili nduk Hampton, New Hampshire-USA, jenenge Mbak Ratnaningsih (Nana). Iki salah sijine konco sing paling adoh mencar-e. Dia ke Amerika sudah lama, wis njajah endi endi sampek akhire manggon nduk Hampton dengan keluarganya (suami dan 2 anak). Deweke nyambut gawe nduk salah satu pabrik komponen mobil nduk negara bagian tersebut. Alamate ketemu melalui salah satu konco SMA Jombang alumni 1964, mas Heruseno sign kebeneran yo kerjo nduk kono. Setelah dikirimi buletin, Mbak Nana menyatakan terima kasih dan seneng, mergo iso eling eling jaman sekolah nduk Jombang biyen. Beberapa konco juga seneng mergo iso nemokno konco sing wis suwiiiiii gak tau ono kabare. Menurut Mbak Nana, buletin-e lucu dan menyenangkan, iso "eling kenangan kenangan lama ha ha ha..." Melalui redaksi buletin dalam e-mailnya mbak Nana kirim salam kanggo konco konco sing eling karo deweke, meskipun ono sing eling samar samar, karena dia dulu kan cuma 2 tahun nduk Jombang terus pindah ke Banyuwangi nderek ebes-e. Akhir November 2008 iki mbakyu kita munggah kaji dan akan kembali ke Amrik pertengahan Desember. Mengenai terpilihnya Barrack Obama, mbak Nana berharap mugo mugo presiden anyar iki iso ndandani perekonomian sing lagek dedel duwel. Nek sampeyan ndelok fotone mesti eling sing jenenge Mbak Nana.

PUTUNE MBAH PAGON NULIS


Hallo rek,
Yok opo kabare peno? Jombang apik apik ae. Gunung Kebon rojo, Ringin Contong, Kali Panengel jik ono. Sego cecek kidul ban sepur yo jik pancet siap melayani anda. Nek rujak cingur ojo lali peno mampiro nduk warunge Bu Bokhin, Jalan Wisnu Wardhana, dijamin mak nyoss. Tapi nek katene mangan rujak cingur iki kudu suabar, soale olehe ngulek siji siji, alon alon tapine nyuamleng. Murah meriah rek, sak piring cuma 5 ewu. Nek sampeyan katene tanduk, kudu pesen 2 mesisan, soale nek sampeyan wis entek siji terus katene nambah, wah kudu antri mulai nomer mbuncit maneh, sementara beliau masih ngulek untuk yang antri dulu. Ini istimewanya. Selain rujak cingur sampeyan juga bisa pesen kolak (pisang campur telo), utowo dawet. Iki bukan promosi lho cak, mentang mentang aku omahe cedek. Tapi sing jenenge cak Yogi iku adoh adoh teko Jakarta sing disambangi dudu koncone disik tapi Bu Bokhin, mergo wedi gak kumanan he he.
Kabare konco konco Jombang tetap kompak dan sejahtera. Marilah kita tetap mempertahankan tali silaturrahim iki, supoyo tetep awet. Wis ngono thok ae.
Salam teko Jombang cak, ning.

Foto foto kenangan






Foto reuni konco konco SMA Negeri Jombang angkatan 1966 dari tahun ke tahun. Dari atas ke bawah : Tahun 2006 (Surabaya), tahun 2007 (semarang), tahun 2005 (Istana Bogor), tahun 2004 dan 2003 di Jombang. Yang tahun 2008 ada di foto reuni 2008 (posting paling bawah)