persahabatan abadi

persahabatan abadi

Minggu, 22 Maret 2009

ARISAN KELOMPOK JOMBANG

Konco konco kelompok Jombang wis duwe tradisi klumpukan telung wulan sepisan, sekalian arisan. Sakjane arisane gak sepiro rek, sing penting iku klumpukane. Nek wis ketemu lhak iso kangen kangenan, cengengesan, begidagan, pencilakan he he. Nek wis ketemu ngono gak eling susah, isone seneng thok, eling eling jaman biyen. Tanggal 20 Maret dino Jum'at wingi arisan dianakno nduk omahe Mbak Sri Sujatmi, jalan Raden Wijaya, Jombang. Sing rawuh gak patio akeh, mungkin podo repot bekne. Komendan kelompok Jombang Drs. Judhiono, antara lain menyampaikan : rencana reuni 2009 nduk Malang sik jik durung pasti. Ono usulan Cak Umar, yok opo nek nduk Wonosalam, Tapi info iki jik wacana, durung pasti. Cak Judhi juga mengumumkan rencana pernikahan puterinya mbakyu Ietje Murwani nduk Semarang suk Juli 2009, konco konco yo kepengin iso hadir. Juga info tentang rencana Cak dokter Djatmiko mantu suk Juni 2009 nduk Suroboyo. Bab paguyubane wong Jombang nduk Jakarta sing arepe dirintis yo dicritakno, supoyo konco konco ngerti. Cak Judhi yo menghimbau supoyo pertemuan berikutnya nek iso rawuh berpasangan, suami isteri, supoyo tambah akrab silaturahmine. Yang hadir waktu arisan : Cak Judhi, Cak Joko , Cak Harto, Cak Tapto Djani, Cak Sulkan Busono, Cak Agus Sulis, Yu Hastutik, Yu Jatmi, Yu Kartinah, Yu Sutri, Yu Sri Mulyani karo Yu Enny.