persahabatan abadi

persahabatan abadi

Jumat, 05 Agustus 2011

WORO WORO REUNI & HALAL BIHALAL 2011

Assalamualaikum Wr Wb
Semoga Tuhan bersama kita semua
Tahunn 2010 wingi nduk Lawang, kabupaten Malang, wis klakon dianakno reuni alumni SMA Negeri Jombang angkatan 1966. Kanca kanca waktu iku sepakat nek Reuni jange maneh dianakno rong tahun engkas yaiku suk 2012 manggon nduk Suroboyo.
Nanging bareng perjalanan waktu klakon setahun sakwise reuni Malang, onok kancane dewe Mayjen (Purn) Suhadi Muhas kapundhut. Pancen nek ndelok fisik-e kanca siji iki kayak kayake impossible bakal kapundhut disik, nanging PATI/UMUR awake dewe gak melok duwe, ngono jarene Bp. H. Subijanto. Akeh kanca kanca sing berubah pikiran ngene'i perkoro waktu reuni sing wis ditetapno tahun 2012, yo karo nylethuk ngene : Lha kok kancane dewe sak ben tahun kalong? Piye nek reuni dipercepat tahun iki ae?
"Rindik asu digitik" ngono jarene wong wong biyen. Sakwise kanca liyane : Sulistiani karo Suhartini kapundhut pisan, kanca kanca Jombang karo Suroboyo tanggal 15 Juli 2011 nglumpuk nduk omahe Bp. H.Subijanto, kanti ati legowo kabeh kanca kanca sing pada nekani pertemuan mau akhire nyepakati wektune reuni , ngene :
I. Wektu lan panggonan :
1. Wektu : Tgl. 24-25 September 2011 (check in jam 13.00 tgl.24 September)
2. Panggonan : Hotel Fatma, Jl. Urip Sumoharjo 22-24 Jombang
II.Pendanaan
Gede cilike biaya sing dibutuhno pancen relatip, gumantung suwene lan akehe acara reuni
1. Peserta reuni : Saben anggota dikenekno Rp. 150.000,-
2. Donatur : Saka kancane dewe (alumni), nduk kene gak ono ketentuan piro akehe,
malah umpomo wujud barang gak bakal ditolak.
Dana peserta reuni diserahno nyang korwil-e dewe dewe terus dikirim via BCA Jombang rekening no. 1130728797 atas nama Puput (puterane mbak Sri Hastuti/bendahara panitia)

Santen toya kelapa, cekap semanten isine woro woro.
Ketua
ttd
Drs.H.Tapto Djani

(nek ono saran usulan iso hubungi : Robbie 081332131939, Sukartinah 082139446007, Judhiono 085645534509, Tapto 081331328810)